Kateken Sedyane Manut Pangandele

- Redaktur

Minggu, 28 Februari 2021 - 22:35 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Renungan Bahasa Jawa
Dening: Pdt. Pudjianto

KAB.BEKASI | Sangkakala Tv-
Nalika wong wuta loro bengok-bengok njaluk kawelasan lan tansah melu nganti mlebu ing salah saiji omah, Gusti Yesus ndangu marang wong loro mau apa kang dikarepake? Jawaban wong loro mau yaiku supaya bisa ndeleng.

Mula gusti Yesus mulungake astane marang wong loro mau karo ngandika: “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu” (Matius 9:29).

Mula wong loro wuta iku bisa ndeleng. Lelakon iku agawe akeh wong gumun. Malah nganti ana wong kang kandha, “Lelakon kang mengkene iki durung tau dideleng wong ing Israel”.
Nanging pancen kabeh bisa kelakon awit ana kapiyandelan ing sajrone wong loro kang maune wuta mau.

Ana sawijining ibu wis suwe nandhang lara, awake nganti kuru krana larane. Salawase iki ibu iku mung turon ora bisa lunga menyang ngendi-endi. Ing dina Minggu iku keluargane gumun, awit ibu kang salawase iki ora tau menyang gereja, ujug-ujug duwe karep arep menyang gereja.

“Aku kepengin menyang gereja, ben aku waras”, mengkono kandhane.
Kekarepan mengkono iku pancen ngagetake keluargane awit pancen durung tau-taune mlebu gereja. Nanging kepiye wae jeneng wong lara, ya dituruti wae.
Pungkasane pancen ibu iku diterake menyang gereja. Pancen banget dening rekasa mlaku sinadyana mung nglewati latar gereja tekan emperane gereja. Ibu mau nalika ditawani anake di gendong, gedhek-gedhek kepengin mlaku dhewe. Sing ngeterake bingung, mula dituntun alon-alon.

Sing nggumunake maune mlakune gemeter, alon-alon sangsaya kuwat lan nalika tekan ing emper gereja ketok bingar lan waras. Banjur mlaku golek lungguhan ing njero gereja dhewe.

“Bener, pancen Gusti Yesus ngersakake aku menyang Gereja”, mengkono kandhane ibu mau sakwise rampung ngibadah.
Kabeh wong gereja padha nyalami, saya seger awake. Lan nalika mulih cerita apa kang lagi wae dirasakake, banjur ngajak sing lanang murangkabi anak-anake minggu ngarep menyang gereja kabeh.

Awit ora ana panguwasa kang bisa ngungguli Gusti Yesus ing jagat iki. Panjenengane uga paring urip langgeng marang kabeh wong kang gelem pracaya, mengkono kandhane ibu mau.

GUSTI YEUS PANCEN SUMBER KABEH BERKAH, MANAWA WONG KUMANDEL MARANG PANJENENGANE, ORA ANA PREKARA KANG MOKAL KANGGO PANJENENGANE ING SAJRONE PARING PITULUNGAN
(Redaksi)

Facebook Comments Box

Berita Terkait

Kekayaan Kearifan Lokal Tradisi Budaya Batak Toba “Marpangir” Perlu Diwariskan Generasi Muda
Kapolres Tebo AKBP Triyanto, S.I.K., S.H., M.H, Gelar Minggu Kasih, Ajak Jemaat Jaga Kamtibmas dan Cegah Karhutla
Kadis Kesehatan Tapteng Hadiri Pesta Puncak Tahun Pengajaran Iman HKBP Dolok Nauli
Pemkab Humbahas Ikuti Perayaan Tahun Ekologi HKBP, Bersama Menjaga Kelestarian Alam
Usai Shalat Istisqa di Alun-Alun Kabupaten Bogor, Hujan Langsung Turun, Warga Bersyukur
Ribuan Warga Kabupaten Bogor Gelar Shalat Istisqa, Memohon Hujan di Tengah Kemarau Panjang
Bupati Donggala Buka STQ Ke- X Tingkat Kecamatan, Desa Surumana, Kec. Banawa Selatan
Hadiri Perayaan HUT ke-49 HKBP Pandan Kota, Bupati Tapteng Ulosi Puluhan Jemaat Lansia
Berita ini 28 kali dibaca

Berita Terkait

Minggu, 25 Oktober 2026 - 13:10 WIB

Kekayaan Kearifan Lokal Tradisi Budaya Batak Toba “Marpangir” Perlu Diwariskan Generasi Muda

Minggu, 18 Oktober 2026 - 18:59 WIB

Kapolres Tebo AKBP Triyanto, S.I.K., S.H., M.H, Gelar Minggu Kasih, Ajak Jemaat Jaga Kamtibmas dan Cegah Karhutla

Senin, 12 Oktober 2026 - 09:15 WIB

Kadis Kesehatan Tapteng Hadiri Pesta Puncak Tahun Pengajaran Iman HKBP Dolok Nauli

Senin, 28 September 2026 - 15:58 WIB

Pemkab Humbahas Ikuti Perayaan Tahun Ekologi HKBP, Bersama Menjaga Kelestarian Alam

Sabtu, 19 September 2026 - 13:29 WIB

Usai Shalat Istisqa di Alun-Alun Kabupaten Bogor, Hujan Langsung Turun, Warga Bersyukur

Berita Terbaru